B. Daerah

Pertanyaan

contoh pidato bahasa jawa Tentang perpisahan kelas 9

1 Jawaban

  • Pidato bahasa jawa tentang perpisahan

    Pembahasan:

    Assalamu'alaikum wr wb.

    Dhumateng bapak kepala sekolah, bapak-ibu guru, lan rencang-rencang ingkang kula tresnani.

    Monggo sareng-sareng njunjungake puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang sampun maringi berkah lan karunia, supados kita sedaya saged makempal ing papan menika.

    Kula aturaken matur nuwun kaliyan bapak lan ibu guru ingkang sampun maringaken wekdal supados ngerawuhi acara menika.

    Dhumateng ingkang kulo tresnani

    Kula minangka wakilipun kelas 9 badhe ngaturaken agunging panuwun, amargi bapak lan ibu guru saking katresnan anggenipun nggulawentah dumatheng kula sakanca ngangsu kawruh ing sekolah menika, ingkang hasilipun kula sakanca lulus 100%.

    Kula sakanca ugi nyuwun pandonganipun, mugi-mugi kula sakanca ketampi wonten ing sekolah ingkang sae, ingkang kula sakanca idam-idamaken.

    Ing pungkasanipun, kula sakanca nyuwun agunging samudra pangaksami mbok bilih wonten atur kula sakanca utawi tindak tanduk ingkang mboten sae. Kula sakanca nyuwun pamit, dinten menika badhe nilaraken sekolah ingkang kula sakanca tresnani.

    Mugi-mugi sekolah menika tetep majeng prestasinipun.

    Cekap semanten atur kola, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangapunten.

    Wassalamu'alaikum wr wb.

    Pelajari lebih lanjut:

    1. Materi tentang pidato bahasa jawa tentang pendidikan https://brainly.co.id/tugas/21982271
    2. Materi mengenai pidato bahasa jawa tentang lingkungan https://brainly.co.id/tugas/10776803
    3. Materi tentang paugeran macapat pangkur https://brainly.co.id/tugas/20619934

    Detail Jawaban:

    Kelas : -

    Mapel : Bahasa Jawa

    Bab : Pidato

    Kode : -

    #jadiRankingSatu

Pertanyaan Lainnya