Seni

Pertanyaan

apa kesan dari lagu gundhul-gundhul pacul

1 Jawaban

  • gundul dimaknani penguasa kang dianugrahi mahkota kepenguasaan, pacul dimaknani kawulo rendah. Gundul pacul artine penguasa iku sayogyane ngupakara rakyate, kalebu kawulone sing rendah.
    - G artine ora tanggung jawab, sak kepenake dhewe.
    - nyunggi wakul dimaknani penguasa kudu njunjung amanah saka rakyat lan ngupayakake kasantosan kanggo rakyate.
    - wakul nggelimpang dimaknani amanah saka rakyat kang ora diajeni
    - segane dadi sak latar dimaknani kabeh dadi muspra/ sia- sia/ ora manfaat.

    Dadi, sakabehe tembang gundul-gundul pacul bisa dimaknani:
    1. Penguasa iku sayogyane ngupakara rakyate, kalebu kawulone sing rendah. Ananging malah sak kepenake dhewe anggone nganggo kekuasaane.
    2. Penguasa iku sayogyane njunjung amanah saka rakyat lan ngupayakake kasantosan kanggo rakyate. Ananging malah sak kepenake dhewe lan namung mikir kepentingane dhewe.
    3. Akhire, sing mengkono iku sing marakke kabeh dadi muspra/ ora manfaat kanggo rakyate.

Pertanyaan Lainnya