B. Daerah

Pertanyaan

contoh surat pribadi bahasa jawa

1 Jawaban



  • Gemolong, 26 Desember 2018

    Kagem ingkang sanget kula tresnani

    Bapak saha ibu

    Wonten ing dalem


                Assalamu’alaikum Wr. Wb.

    Tansah winantu suka basuki.

    Mawi serat menika kula badhe ngaturaken inggih kula kangen sanget kalihan bapak, ibu, ugi sedaya sederek ingkang wonten dalem. Kados pundi wartanipun sedaya wonten ing dalem bapak/ibu? Mugi-mugi sedaya tasih tansah kaparingan kaslametan saking Gusti Allah, sedaya sehat, ugi boten wonten satunggaling alangan punapa-punapa. Ing ngriki kula ugi kabaripun sehat, kuliah inggih alhamdulillah lancar.

    Bapak ibu, kanthi ngaturaken raos pangapunten kula dereng saged wangsul wonten griya amargi kuliah dereng wancinipun liburan. Menika tasih kathah tugas ugi ulangan-ulangan semesteran. Awit saking menika, kula badhe nyuwun arta kangge tumbas laptop, supados kula saged gampil anggenipun nggarap tugas-tugas kala wau, ugi kuliah rumaos luwih sakeca. Menawi bapak ibu saguh ngirimaken arta kangge tumbas laptop kala wau, endah bingah sanget manah kula bapak, ugi kula ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak saha ibu.

    Kula kinten, cekap semanten rumiyin saking kula bapak ibu. Kula nyuwun donga saking bapak ibu supados ing ngriki kula kedah dipunparingi kaslametan saking Gusti ugi kuliah kula saged lancar. Amin.

    Wassalamu’alaikum Wr. Wb.







                                                                       Saking ingkang putra


Pertanyaan Lainnya