B. Daerah

Pertanyaan

Parikan iki rampungna!1. Suradadi iku kotane,.....2. Kota Kendal Kaliwungu,.....3. Kenyang Sala, payunge ilang,.....4. Wajik klethik, gula Jawa,.....5. Wedang bubuk, kemriyuk gulane remuk,.....6. Kembang mlathi, tinandur pinggiring kali,......7. Kembang menur, sumebar pinggiring sumur,.....8. Suwe ora jamu, jamu pisan godhong tela9. Yen kembang - kembang cempaka, Dudu kembang Arum Dalu,.......10. Jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula,.....

1 Jawaban

  • 1.suradadi iku kotane, pada mersudi mring jejibahane
    2.kota kendal kaliwungu, ajar kenal karo sliramu
    3.menyang sala payunge ilang, nyawang sira atiku sumelang
    4.wajik kletik gula jawa, luwih becik sing prasaja
    5.wedang bubuk, kemriyuk gulane remuk, tiwas methuk, sing di pethuk malah ngamuk
    6.kembang mlati tinandur pinggiring kali, sing setiti tansah jujur jo nganti lali
    7.kembang menur sumebar pinggiring sumur, sapa jujur bakal luhur klawan makmur
    8.suwe ora jamu, jamu pisan godhong tela, suwe ra ketemu, ketemu pisan neng ati gela
    9.yen kembang kembang cempaka, dudu kembang arum dalu, mumpung sira isih mudha, kudu sregep golek ilmu
    10.jangan kacang jangan kara, kaduk uyah kurang gula, piwelingku mring para mudha, aja wedi mring rekasa

Pertanyaan Lainnya